Astaghfirullahal'adhim alladzi laa ilaha illahuwal hayyul qoyyum wa atubuh ilaih, Astaghfirullahal'adhim alladzi laa ilaha illahuwal hayyul qoyyum wa atubuh ilaih, Astaghfirullahal'adhim alladzi laa ilaha illahuwal hayyul qoyyum wa atubuh ilaih.
Innallaha malaaikatahu yusholluuna 'alaannabi yaa ayyuhalladzina aamanuu sholluu'alaihi wa sallimuu tasliimaa.
Allahumma sholli wa sallim wa barik'alaih.
Sampeyan dungo kabeh, sampeyan dungo kabeh, nang jero ati sampeyan dungo kabeh, njalok, wes gak onok seng iso ngatasi nek mboten Gusti Allah,
Mboten enten seng saget sampeyan jaluki kejoboh Gusti Allah, mboten enten seng saget sampeyan sambati kejoboh Gusti Allah kalean Kanjeng Nabi seng kerso maringi syafa'at.
monggo atine kosentrasi, lalekno liyan-liyane, buak'en-buak'en teko atimu seng elek-elek buak'en, buak'en kabeh, buak'e, percoyo'o-percoyo'o nek jero atimu mek onok Allah karo Rosulullah wes beres masalahmu beres, anakmu mene-mene beres slamet sejahtera dilindungi kabeh, al fatiha.
Sampeyan urip ndek enggon sek gak cocok disebut enggon, sampeyan iki dadi anggotae negoro seng gak cocok disebut negoro, sampeyan iki dadi rakyate pemerintah sek nggak pantes disebut pemerintah, sampeyan dadi ummate ulama' kyai ustadz seng gak pantes disebut ulama' kyai ustadz, sampeyan iki gak duwe sopo-sopo, aku gak duwe sopo-sopo, sampeyan karo aku mek duwe Allah kale Rosulullah, wes ojok macem-macem po'o wes karek Allah kale Rosulullah, slamete negoro iki mek kari iku tok, wes ilangono sombong-sombong, ilangono cangkeman-cangkeman seng macem-macem mboh ndek koran, mboh ndek tv, mboh ndek internet, ndek jero atimu dewe, lerenono tah, lerenono cek gak diajar koen, cek gak diajar iki ngkok, cek gak diajar, aku gak tego, aku gak tego ndelok awakmu kabeh, aku gak tego,
Ya Allah seng nglumpuk-nglumpuk ngeten niki sampeyan lindungi Ya Allah seng wes gak iso nangis Sampeyan damel iso nangis ya Allah..
Fayaa ayyuharrojuna minhu syafaa'atan sholluu'alaih sholluu'alaihi wa sallimutasliimaa,
Allahumma sholli wa sallim asrofa sholati wa taslim 'alaa sayyidina wa nabiyina muhammadinirroufirrohim Allahumma sholli wa sallim wa barik'alaih.
Wa yaa ayyuhal musytaaquuna ilaa ru'yaa jamaalih.
Koen kangen sopo ndek kene koen kangen sopo, koen kepingin ndelok opo, mripatmu ko' gae opo slama iki,
Kanjeng Nabi sliwar sliwer sayang karo awakmu kabeh gak tau kok gak apik, koen gak tau kangen karo wong seng kateh nylametno koen, koen gak tau kangen karo fihak seng jan-jane ngeke'i rejeki, mripatmu kok gae opo, kupingmu kok gae opo?
ki ngkok nek diajar temen yak opo koen ..
Wa yaa ayyuhal musytaaquuna ilaa ru'yaa jamaalih sholluu'alaihi wa sallimutaslima.
Allahumma sholli wa sallim asrofa sholati wa taslim 'alaa sayyidina wa nabiyina Muhammadinirroufirrohim Allahumma sholli wa sallim wa barik'alaih ..
Laa ilaha illallah Muhammadurrosulullah cek gak onok gusti Allah liyane nek jero atimu nek jero negoromu iki, kakean Gusti Allah, Gusti Allah seng temenan nek muring-muring yak'opo.
Laa ilaha illallah laa ilaha illallah laa ilaha illallah muhammadurrosulullah.
~mbah Em
Komentar
Posting Komentar