Yen kelakuanmu apik ojo rumongso mesti mlebu suwargo...
Ojo rumongso mlebu neroko mergo kelakuanmu elek..
Gusti Allah nglebokke kowe ning suwargo kui mergo gusti Allah tresno ning kowe.
Dadi kabeh iku urusane tresno (cinta)
Yen kowe tresno Gusti Allah mesti luwih gedi tresnane ning awakmu.
Mulo atimu ojo pedot.. Atimu kudu sambung terus..ning pekerjaanmu, keseharianmu, naliko ing pasar, naliko momong anak, naliko masak, naliko aktivitas opo wae atimu ojo petal karo Gusti Allah lan Kanjeng Nabi
Yen kowe sembahyang, shodaqoh, nulung uwong, iku niatono mergo kowe tresno ning Allah.
Ora perlu itung" pahala... Gusti Allah maha dermawan ora usah dagang pahala ning Allah
_
Ikhlas atimu mergo tresno, ora perlu arep arep suwargo lurr.. Yen tujuanmu ikhlas tumuju ing Allah, mesti olih bonus suwargo.
Yen uripmu gur fokus lan fokus ing suwargo suwargo tok, entuk suwargomu lali Gusti Allah mu
[Simbah Emha Ainun Nadjib]
Pic:Mbah Nun & Ras Inggi
Komentar
Posting Komentar